Batik-ke Wong Mbanyumas
Inyong arep nulis tentang batik
banyumas,…..ayo sing maca ben pada ngerti nek Banyumas kuwe ndue batik sing
apik rupane, ora mung wong pada ngertine batik Jogja, Solo utawa Pekalongan.
Jerene batik motif Mbanyumas kue
gawanane pengikute pangeran Diponegoro pas jaman peperangan mbiyen neng tahun
1825-1830 M, pengikut sing mlayu maring ngulon akeh sing manggong neng kene.
Nah kiye ana pengikut sing terkenal : jenenge Najendra, kuwe sing ngembangna
batik celup neng Sokaraja, bahane biasane seka mori lan warnanne cok de jukut
seka warna uwit tom, uwit pace lan mengkudu. Jan batik Banyumas kuwe walau ora
nganggo jeroan nek de enggo jen adem tenan nenk awak. Makane sedulur kabeh ayo
pada nganggo batik banyumas.
Gambare motif batik banyumas, esih akeh rupane liane
Saiki batik Banyumas wis akeh
motife, ana motif Jonasan, yaiku motif sing de dominasi karo warna coklat lan
ireng dengan corak non geometrik, motif liane ana : Sekarsurya, Sidoluhung,
Lumbon, Jahe Puger, Cempaka Mulya, Kawung Jenggot, Madu Bronto, Satria Busana,
Pring Sedapur.
gambare si mbah wadon lagi mbatik
Aku sing gumun saiki karo wong Banyumas
dhewek, nenk dina Jumat nek ora salah wong sing dadhi pegawane negara kon pada
nganggo batik, ya iya sih pada nganggo batik, tapi apa saking ora ngertine apa
kepriwe, mbok iya sing de enggo batikke dhewek batik banyumas, malah pada
nganggo batik liane. Jan-jan kiye kan sing ora mudengi. Makane ayoh pada
mulyakna kabudayane dhewek, aja apa-apa sing penthing ngetren….wualah-wualah !
Dunya wis arep kiamat, ya uwis ya sedulur, muga-muga pada ngerti budayane
dhewek.
Berita sing anyar saiki para abdi negara kon nganggo batik seka dina rebo tekan dina Setu. Ya mudah-mudahan bisa mulyakna perajin batik Banyumasan lan Ekonomi banyumas. Salam ngapak.
Berita sing anyar saiki para abdi negara kon nganggo batik seka dina rebo tekan dina Setu. Ya mudah-mudahan bisa mulyakna perajin batik Banyumasan lan Ekonomi banyumas. Salam ngapak.
(detulis karo GN)
Komentar